4 Contoh Naskah Drama Bahasa Jawa 5 Orang yang Cocok Dipentaskan

Diterbitkan:

4 Contoh Naskah Drama Bahasa Jawa 5 Orang yang Cocok Dipentaskan
Ilustrasi (Credit: Unsplash)

Kapanlagi.com - Saat ingin melakukan pementasan drama, memilih naskah menjadi hal pertama yang perlu dilakukan. Tak hanya dalam bahasa Indonesia, naskah drama bahasa Jawa 5 orang juga bisa menjadi pilihan yang menarik.

Jika kalian belum bisa menulisnya sendiri, tak ada salahnya mencari referensi contoh drama bahasa Jawa 5 orang. Kalian juga bisa melakukan interpretasi yang luas saat melakukan bedah naskah.

Nah, jika kalian sedang mencari contoh naskah drama bahasa Jawa 5 orang yang cocok dipentaskan, silakan simak informasi selengkapnya di bawah ini.

 

 

1. Drama Bahasa Jawa 5 Orang 'Guru Les Kanggo Shakinah'

Contoh naskah drama bahasa Jawa 5 orang yang pertama berjudul 'Guru Les Kanggo Shakinah'. Diceritakan bahwa Shakinah merupakan anak tunggal di keluarganya dan sedang mengalami kesulitan dalam pelajaran. Oleh karena itu, dia membutuhkan guru les yang bisa mengajarinya. Seperti apa cerita lengkapnya? Yuk, simak kisahnya di bawah ini.

Pak Farhad: Shakinah, sore iki awakmu iso sinau bareng Mbak Nadia kanggo nyiapke ujian sekolah.

Shakinah: Mbak Nadia sinten nggih pak?

Pak Farhad: Iku anake koncone bapak sik ngajar les. Mbak Nadia iki pinter nggarap soal matematika iso ngancani lan ngewangi sinau.

Shakinah: Nggih pak. Kulo, purun sinau bareng Mbak Nadia.

(neng ruang tamu omah, Shakinah kenalan karo mbak Nadia)

Nadia: Shakinah kelas pinten?

Shakinah: Kelas 3 SMP Mbak.

Nadia: Gelem mulai sinau sore iki opo sesok sore?

Shakinah: Langsung mawon mboten nopo-nopo mbak.

(Lingguh jejer wong 4, Bu Zakiyyah lan Pak Farhad ndelok Shakinah bungah sinau bareng Mbak Nadia. Terus, bu Zakiyyah nawarke Shakinah ngawekke maeman)

Bu Zakiyyah: Yawis pak, iki ditinggal wong 2 ben sinau bareng. Engko ibu tak nggaweke cemilan. Pengen ngunjuk nopo Mbak Nadia?

Nadia: Saestu bu, nopo mawon purun.

Bu Zakiyyah: Jus jeruk wae ya.

Nadia: Nggih bu, maturnuwun sanget.

(Shakinah jupuk buku neng kamar dinggo sinau bareng Nadia. Suara lawang didodog)

Salma: Shakinah.... Shakinah....

Shakinah: (Nggowo buku karo mbukak lawang) Aduh Salma, aku arep sinau. Gak iso dolan disek.

Salma: Lho sinau apa, Shakinah?

Shakinah: Matematika, apa awakmu melu sinau sisan karo guru les?

Salma: Apa aku oleh melu? Bakal sinau apa, aku gak tau les.

Nadia: Sinau matematika sik yo, jare awakmu rodo angel nggarap soal itung-itungan. Kancane arep melu sisan? Ayo rene cah 2.

Shakinah: Nggih mbak.

Nadia: Mulai seko median sik yo, jajal tak kei 1 soal tok garap engko nek ora mudeng langsung takon wae.

Shakinah: Sik iki mbak, la kok angel soale. Mbok sik gampang wae mbak.

Nadia: Iki paling gampang kok, jajal sik jajal.

(Shakinah akhire nggarap soal kui, nanging bola-bali ekspresine ketok mumet. Salma ya pada wae)

Shakinah: Mbak aku ramudeng tenan garap iki.

Salma: Aku wis nggarap, tapi gak ketemu jawaban, Mbak. (Ngguyu)

Nadia: Yawis tak jelaske sik yo, dadi iki tok urutke sik nomor angkane sik seko cilik neng gede. Njuk sik podo tok jejerke. Nek uwis lagi tok masuke rumus.

Shakinah: Ngene iki udu mbak?

Nadia: Nah, iyo bener. Geneo wis iso, iki coba lanjutke meneh garap soal lain.

Shakinah: Mbak piye nek leren sik.

Nadia: Lagi 1 soal loh iki mosok andang leren.

Shakinah: Aku rodo kesel e mbak.

Nadia: Yawis leren sik yo, 10 menit terus lanjut meneh.

(Mlaku neng ruang tengah, Nadia ngobrol karo bapak ibu Shakinah)

Nadia: Pak, wau niku nek kulo amati Shakinah sakjane bocah pinter. Nanging, kadang sok ora sabaran mecahke soal matematika, dadi hasile niku kurang maksimal.

Pak Farhad: Owalah, ngunu to. Yo, tok kancani terus yo sik sinau.

Bu Zakiyyah: Iyo nduk, ben Shakinah iso oleh biji duwur ujiane. Njaluk tulung yo.

Nadia: Nggih pak bu, kulo rencangi Shakinah sinau. Niku kalih kancane dadi mundak semangat.

Shakinah: Yok, mbak mulai sinau meneh.

Shakinah karo Salma dadi sregep sinau bareng dikancani mbak Nadia. Alhasil biji ujiane akhire iso meningkat dibandingke sebelume.

 

 

(Ayo ikuti saluran WhatsApp KapanLagi.com biar enggak ketinggalan update dan berita terbaru seputar dunia hiburan tanah air dan juga luar negeri. Klik di sini ya, Klovers!)

2. Drama Bahasa Jawa 5 Orang 'Sinau Bareng Kanca'

Selanjutnya, ada judul 'Sinau Bareng Kanca' sebagai contoh naskah drama bahasa Jawa 5 orang yang juga menarik untuk diikuti.

Ing sawijining dina, ana pemuda sing wis podo dadi kanca akrab wiwit cilik, yaiku Toni lan Habib. Lorone podo seneng sinau lan dadi juara kelas mewakili sekolah lomba ing nyandi-nyandi.

Untunge pintere bocah loro iku ora marai dheweke sombong, dadi podo disenengi karo kanca sekolahe. Akeh kancane sing jaluk warah materi ning kelas sakdurunge ulangan ben ora melu remedi kabeh.

Dina: "Aku kok ora mudheng blas ya karo materi matematika sing himpunan iki. Kowe paham materine, Din?"

Dini: "Podo e aku yo ra paham."

Joni: "Lha awakdewe tibake podo wae. Aku kat wingi wis maca lan sinau tapi isih bingung karo konsep sing dimaksud." (Joni sik melu nimbrung).

Dina: "Terus penake piye ya, Jon? Masa awakdewe kudu melu bimbel ben isa mudeng karo materi iki?"

Joni: "Bimbel saiki larang pol, Din. Ora duwe duit aku lek saiki kudu melu bimbel."

Habib: "Ana apa iki? Arep ulangan opo piye kok koyoe lagi seru obrolane?"

Dini: "Iki lho, Bib. Pada bingung matematika. Sampek saiki ora isa mudheng karo iki."

Toni: "Terus hubungane karo bimbel mau apa? Do arep melu bimbel?"

Joni: "Larang banget, Ton. Ora isa lek arep bimbel saiki."

Toni: "Yawes ngene wae, aku karo Habib sering sinau bareng mben Senin. Lek do arep melu, ayo."

Habib: "Mengko sinau bareng ben podo iso mudheng kabeh."

Dina: "Tenane iki? Ora ganggu kowe mengko?"

Toni: "Ya ora. Ngko diomongne maneh ya. Ayo saiki mlebu kelas dhisik!"

 

 

3. Drama Bahasa Jawa 5 Orang 'Kekancan Ono Ing Kelas'

Naskah 'Kekancan Ono Ing Kelas' merupakan salah satu contoh drama bahasa Jawa 5 orang yang mengandung pesan positif. Silakan simak kisah selengkapnya di bawah ini.

Latar 1: Kelas

Rahma : "Ziyan aku pengen ngomong. "

Ziyan : "Koe sopo kok wani men ngomong karo aku, haaaaa..?

Ichsan : "Ho.o, koe iki sopo?"

Ade Ian Yori : "Huuu...."

Ade : "Wes-wes ngene wae.. Dirungokne wae cah, paling yo ora penting sing diomongke."

Yori : "Ho'o Yaa, koe meh ngomong opo?"

Rahma : Braaakkk !!! (Gebrak meja)

Z, A, I, Y : "Wuehhh.. lekas wani ya ..!"

Ziyan : "Koe jane meh ngomong opo to?"

Rahma : "Aku cra trimo tindakanmu neng aku selama iki. Aku mung pengen ngerti, opo aih motivasimu ngonokake aku opo?"

Ziyan : "Jawab san"

Ichsan : "Eh, ma koe kuwijane mudeng opo ora to ?! Koe kan sing uwis ngrusak tugase awakdewe."

Yori : "Iyooo... teruss marai awakdewe entuk biji 0"

Rahma : "Nanging, biyen kan aku uwis jnaluk ngapura.."

Ade : "Heh, emange nek koe jaluk ngapura, terus bijine awakdewe isoh dadi 100 ngono.?"

Rahma : "Tapi caraneyo ora ngono to, koe kabeh uwis gawe aku sengsara, ngerti ra?"

Ziyan : "Hahahaha, terus koe saiki jaluk opo?"

Rahma : "Awakdewe ora usah padu meneh, bully uwong kuwi ora apik. Soale bakal ngerugike awakmu dewe Ian wong liya. Aku isoh wae matur neng pak kepala sekolah, ben koe kabeh ditokake saka sekolah... "

Ichsan : "O.. ngono (Z, A, I, Y rupane nesu)

Rahma : "Nanging, aku emoh ngono kuwi, aku pengen kekancan mbi koe kabeh."

Z, A, I, Y : (Rupane langsung sedih)

Rahma : "Cobo eling-elingen sesasi wingi koe ngapakake aku."

Kabeh anggota Geng Ashoka ngeling-eling mbiyen kedadene pie.

Latar 2: Kelas Kosong. Sesasi Kepungkur.

Rahma nggawa 2 gelas banyu ing tangane. Rahma mlaku kesusu. Geng Ashoka lagi nggawe Tugas Basa Jawa.

Ndelalah...

Rahma : (Mlaku cepet-cepet, kesandung sikile Ichsan, akhire nabrak meja Ian ngutahi hanyu neng tugase Geng Ashoka)

Rahma : "eehh, sepurane, aku ora sengojo."

Ziyan : "Rahma iii... Ra duwe mata pa!" (nesu)

Yori : "Piye to Ma!!"

Ade : "Tugase kudu ditutnpuk dina iki, ahh, pie cahh "

Husa : (mlayu neng rahma) "Na, koe rapopo to? Heh, mbok ojo ngono, Rahma kan uwis njaluk ngapura."

Ichsan : "Eh, mentang-mentang koe ketua koe iki ora usah melu-melu , kelesss ! "

Husa : "Yo ora ngono, nanging de'e kan yo kancamu, ojo kasar to!!! "

Yori : "Oooo, ketua kelase awakdewe tibake seneng Rahma to.. hahahahaha. "

Husa : "Maksudku ora ngono, nanging ...."

Ziyan : " Alah wes, Ma! melu aku !! (geret tangane rahma )

A, I, Y : "huuuuu" (neng husa)

Husa : "He !!!! Arep ngapakne !!!" (malangkerik)

(Geng Ashoka geret rahma neng kelas kosong)

Rahma : " eh, kowe meh ngapakake aku?"

Z, A, I, Y : (nesu-nesu terus ninggal Rahma)

Rahma : "Tulooooonggggggg ..!!"

Rahma dingonokne, Saben dina, kajaba dina minggu.

Husa trenyuh, akhire nyemangati.

Rahma : (Ngelamun neng meja)

Husa : (Marani Rahma) "he ma, koe ngopo? Ayo to ma semangat. Aku ngerti perasaanmu.

Tapi, koe ngerti ra, sebenere koe kuwi luwih kuat

ketimbang Geng Ashoka, soale kowe kuwi ora salah

Ayo to ma, koe kuat. Koe kudu isoh ngelawan dzalim e Geng Ashoka. Yooo ??"

(Terus lungo)

Rahma : "Matur nuwun ya sa.. Aku sabar kog..” (nundukake sirah , ngelamun)

Narator : (dacli demit) "koe kudu bangkit saiki. kudu nglawan kedzaliman."

Geng Ashoka akhire jaluk ngapura neng Rahma. Kuabeh akhire dadi kanca kenthel.

 

 

4. Drama Bahasa Jawa 5 Orang 'Acara Kamardikan'

Selanjutnya, masih ada satu lagi contoh drama bahasa Jawa 5 orang yang berjudul 'Acara Kamardikan'. Kisah ini menampilkan proses diskusi OSIS dalam membuat perayaan peringatan kemerdekaan.

Rapat dilaksanakake ing ruang osis, anggota osis sing melu rapat, yaiku Andi (ketua osis), Alto (wakil ketua osis), Susi (Sekretaris), Rina lan Aldo (Bendahara 1 lan 2). Ketua osis sing jenenge Andi teko banjur lungguh ing kursi ne.

Andi : "Ayo kanca-kanca dimulai diskusine!"

Susi : "Kosik kosik, Alto durung teko."

Rina : "Oh iya Alto nyandi ya?"

Aldo : "Paling isih nek toilet bocahe, mergane aku meng weruh de’e mlaku tumuju toilet." (kandane Aldo sinambi kipas kipas amarga sumuk)

Andi : "Ya wis, di enteni disik."

Ora suwe Alto teko banjur lungguh sandinge Andi.

Andi : "Awakmu bar kongendi lho, To?" (Andi takon marang Alto)

Alto : "Toilet, he..he" (kandane Alto karo cengengesan)

Andi : "Yo wis di mulai diskusine! Cah, dilut engkas kan tanggal 17 Agustus 2022 sing artine Indonesia bakal ulang tahun kamardikan, lha awake dewe oleh tugas saka pak kepala sekolah supaya ngrancang acara opo wae kanggo meriahne dina Kamardikan, menawa ana sing duwe ide ayo dirembugne ing kene."

Aldo : "Aku duwe usul, ndi, awake dewe ngeneake acara fashion show sing temane klambi batik, piye menurut mu, ndi?" (Usul e Aldo kanthi nyawang Andi)

Andi : "Hmm... apa alasan mu usul ngono kui, do?" (Pitakone Andi marang Aldo)

Aldo : "Amarga batik iku wis dadi ciri khas e bangsa Indonesia lan dadi budaya bangsa sing wis terkenal teko luar negeri, dadi cocok kanggo tema dina kamardikan lan bisa kanggo ngenalake batik marang generasi muda."

Rina : "Pinter tenan bocah siji iki, cocok do usulmu, setuju aku, piye pendapat kanca liyane ?" (kandane Rina karo ngacungi jempol marang Aldo).

Andi : "Ok aku yo setuju, wis ditentoke salah sijine acara, yaiku fashion show tema batik."

Susi : "Terus liyane fashion show acara liyane opo wae iki?"

Rina : "Drama tema pahlawan piye?"

Andi : "Iku yo kenek, mengko karek dikoordinasi karo perwakilan kelas, supaya iso melu partisipasi kabeh, terus acarane ditambahi karo lomba sing edukatif supaya meriah."

Kanca kancane kabeh pada setuju lan wis ditentokake acara apa wae sing cocok kanggo mengeti dina Kamardikan antarane, yaiku fashion show tema batik, drama tentang tema pahlawan, lomba lomba edukasi lan liya liyane.

Nah, KLovers, itulah beberapa contoh naskah drama bahasa Jawa 5 orang yang bisa dipentaskan.

 

 

(Ayo ikuti saluran WhatsApp KapanLagi.com biar enggak ketinggalan update dan berita terbaru seputar dunia hiburan tanah air dan juga luar negeri. Klik di sini ya, Klovers!)

Rekomendasi
Trending